Sony Xperia M2 - Persiyapan One-touch

background image

Persiyapan One-touch

Sampeyan bisa nggunakake fungsi persiyapan One-touch kanggo mbukak otomatis

persiyapan sawetara fitur sing mlaku kanthi nirkabel antarane rong piranti Xperia®.

Misale, sampeyan bisa nggunakake persiyapan One-touch kanggo mbukak konfigurasi

setelan dhasar kanggo Pangilonan layar lan Xperia Link™. Sawise ngrampungake

persiyapan, sampeyan mung mbutuhake saktutul saben mbukak fitur iki.
Fungsi persiyapan One-touch diaktifake nganggo NFC. Kanggo informasi luwih lengkap

babagan persiyapan Pangilonan layar, Media Server, NFC, lan Bluetooth® ing piranti,

deleng bagean sing cocog ing Pandhuan pangguna.

Miwiti persiyapan One-touch ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Konektivitas Xperia™ > Setelan sak demekan.

Fungsi NFC diuripake kanthi otomatis.

3

Pesthekake yen fungsi NFC ing piranti Xperia™ liyane wis diuripake.

4

Pesthekake yen layar rong piranti kasebut wis dibukak kuncine lan aktif.

5

Cedhakake rong piranti kasebut supaya area deteksi NFC piranti loro karone

dempet. Fungsi persiyapan one-touch urip kanthi otomatis.

Rong piranti kasebut kudu ndhukung fungsi persiyapan One-touch.

110

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.