Sony Xperia M2 - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nampilake kabeh setelan, tunyuk .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Pilih salah sijining resolusi lan rasio aspek sadurunge motret. Foto sing resolusine luwih

dhuwur mbutuhake memori luwih gedhe.

8MP

3264×2448(4:3)

Resolusi 8 megapiksel lan rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar non-widescreen

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

5MP

3104×1746(16:9)

Ukuran gambar 5 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo potret sing pengin dideleng ing layar

non-widescreen utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

2MP

1920×1080(16:9)

Resolusi 2 megapiksel lan rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar widescreen.

2MP

1632×1224(4:3)

Resolusi 2 megapiksel lan rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng ing layar non-widescreen

utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo njupuk potret pribadhi utawa potret kelompok supaya kabeh bisa dipotret.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk.

Aktif (0.5 detik)

Setel wektu tundha setengah detik wiwit nutul layar kamera nganti foto dijupuk.

Mati

87

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Potret dijupuk sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Smile Shutter™

Gunakake fungsi Smile Shutter™ kanggo nemtokake eseman apa sing dideteksi kamera

sadurunge njupuk foto.

Mode Fokus

Fungsi fokus ngontrol bagean potret endi sing kudu kontras. Nalika fokus otomatis terus

urip, kamera tansah nyetel fokus supaya wilayah ing pigura fokus tetep kontras.

Autofokus singgel

Kamera kanthi otomatis fokus ing subjek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip. Demek terus layar

kamera nganti pigura fokus malih warna, nuduhake yen fokus wis disetel. Potret bakal dijupuk nalika

sampeyan ngangkat driji.

Deteksi praupan

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar. Kamera

kanthi otomatis fokus ing pasuryan sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan endi sing arep

dianggo fokus kanthi nutul pasuryan kasebut ing layar. Nalika sampeyan nutul layar kamera, pigura warna

ngatonake pasuryan sing dipilih lan wiwit fokus. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh jinis

sesawangan. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Fokus tutul

Demek bagean tartamtu ing layar kamera kanggo nyetel area fokus. Fokus otomatis terus-terusan mati.

Demek terus layar kamera nganti pigura fokus malih warna, nuduhake yen fokus wis disetel. Potret bakal

dijupuk nalika sampeyan ngangkat driji.

Nglacak obyek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

Setelan iki mung kasadhiya ing

Manual mode potret.

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

ISO

Sampeyan bisa nyuda bruwete gambar sing disebabake kahanan peteng utawa obyek

sing obah kanthi nambah sensitivitas ISO. Kajaba iku, yen arep motret gambar terang ing

kahanan peteng, sampeyan bisa nyetel sensitivitas ISO menyang nilai luwih dhuwur.

Otomatis

Setel sensitivitas ISO dadi otomatis.

100

Setel sensitivitas ISO dadi 100.

200

Setel sensitivitas ISO dadi 200.

400

Setel sensitivitas ISO dadi 400.

800

Setel sensitivitas ISO dadi 800.

1600

Setel sensitivitas ISO dadi 1600.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

88

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Pangukuran

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya

kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Pusat

Nyetel cahya menyang tengah gambar.

Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar jumlah cahya sing nyunari kabeh gambar.

Spot

Nyetel cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Stabiliser gambar

Nalika motret, bisa angel nyekeli piranti kanthi anteng. Stabiliser mbantu sampeyan

kanthi ngimbangi obahe tangan sampeyan.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Pratinjau

Sampeyan bisa milih ndeleng pratinjau foto utawa video kanthi langsung sawise motret

utawa ngrekam.

Tanpa wates

Pratinjau foto utawa video muncul sawise sampeyan motret utawa ngrekam.

5 detik

Pratinjau foto utawa video muncul sajrone 5 detik sawise sampeyan motret utawa ngrekam.

3 detik

Pratinjau foto utawa video muncul sajrone 3 detik sawise sampeyan motret utawa ngrekam.

Owahi

Foto utawa video mbukak kanggo diedit sawise dipotret utawa direkam.

Mati

Foto utawa video disimpen sawise dipotret utawa direkam, lan ora ana pratinjau sing muncul.

Pangenal praupan

Sampeyan bisa ndhaptarake praupan nganggo aplikasi Kamera supaya kamera kanthi

otomatis fokus ing praupan kasebut nalika muncul ing jendela bidik.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo njupuk potret nalika kondisi cahya surem utawa yen ana

cahya saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu

kilat ing layar kamera:

Otomatis

Kamera kanthi otomatis nemtokake manawa kondisi cahya mbutuhake lampu kilat.

Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki ngilangi bayangan

peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang

Nyuda warna abang ing mata nalika njupuk potret.

Mati

Lampu kilat dipateni. Kadhangkala, kualitas potret malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing

kondisi cahya surem. Njupuk potret sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing

anteng. Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah potret burem.

Lampu

Lampu kamera diuripake nalika sampeyan njupuk foto.

89

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Pamilihan gambar

Gunakake fitur Pamilihan gambar supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo kahanan

umum nggunakake gambar sing wis diprogram dhisik. Kamera wis nemtokake maneka

setelan sing bisa dipasake nurut gambar sing wis dipilih supaya asil protret bisa apik.

Mati

Fitur Pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa motret sacara manual.

Kulit mulus

Potret praupan nganggo efek ayu canggih.

Potret alus

Gunakake kanggo motret sing latar mburine alus.

Anti bureng obah

Gunakake kanggo minimalake kamera obah nalika motret ing gambar sing rada surem.

Bawana

Gunakake kanggo potret lanskap. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

HDR koreksi cahya latar

Gunakake kanggo ngapikake gambar sing kontras banget. Koreksi cahya latar sing wis diprogram

nganalisa gambar lan otomatis nyetel gambar supaya cahyane sampurna.

Potret bengi

Gunakake kanggo potret ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing kaanan sing surem. Amarga

suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Gambar bengi

Gunakake nalika motret ing wayah bengi utawa ing kaanan sing surem. Amarga suwene wektu

cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Wengi sanggan

Gunakake kanggo motret cekel-tangan cahya-surem kanthi panyuda noise lan burem.

Sensitivitas dhuwur

Gunakake kanggo motret tanpa lampu kilat ing kaanan cahya surem. Ngurangi burem.

Panganan

Gunakake kanggo motret tatanan pangan sing wernane nyolok.

Kewan ingon

Gunakake kanggo motret ingon-ingon. Ngurangi burem lan mata abang.

Pantai

Gunakake kanggo motret gambar ing pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kaanan padhang supaya foto ora kepadhangen.

Pesta

Gunakake kanggo motret ing njero ruangan ing kaanan kurang cahya. Gambar iki njupuk cahya latar

mburi njero ruangan utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Olahraga

Gunakake kanggo motret obyek sing obahe cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Dokumen

Gunakake kanggo motret teks utawa gambar. Nambahi kontras potret sing luwih tajem.

Kembang api

Gunakake kanggo motret werna-wernining cahya kembang api.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

90

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.